Rabu, 08 April 2009

Sejarah globalisasi


Kathah sejarawan ingkang nyebat globalisasi dados fénoména ing abad kaping 20 puniki kasambetaken kaliyan bangkitipun ékonomi internasional. Kamangka interaksi lan globalisasi ing sesambetan antarbangsa ing donya sampun wonten wiwit maabad-abad kapengker. Menawi dipuntelusuri, winih-winih globalisasi sampun tuwuh nalika manungsa wiwit ngenal perdagangan antarnagari watawis taun 1000 lan 1500 M. Ing wekdal punika, para pedagang saking Tiongkok lan India wiwit nlusuri nagari sanès nglangkungi mergi dharat (umpaminipun kados jalur sutra) utawi mergi seganten kanggé dagang.

Fase salajengipun dipuntengeri kanthi dhominasi perdagangan kaum muslim ing Asia lan Afrika. Kaum muslim ndamel jaringan perdagangan ingkang antawisipun ngliputi Jepang, Tiongkok, Vietnam, Indonésia, Malaka, India, Persia, pesisir Afrika Wétan, Segara Tengah, Venesia, lan Genova. Kaum pedagang muslim ugi nyebaraken nilai-nilai agamanipun, asma-asma, abjad, arsiték, nilai sosial lan budaya Arab dhumateng warga donya.

Fase salajengipun kanthi tetenger éksplorasi donya sacara ageng-agengan déning bangsa Éropah. Spanyol, Portugis, Inggris, lan Walandi punika pelopor-pelopor eksplorasi puniki. Perkawis punika kasengkuyung ugi kanthi dumadosipun révolusi indhustri ingkang ningkataken keterkaitan antarbangsa donya. Manéka werni tèknologi wiwit dipuntemokaken lan dados dhasar mekaring tèknologi sapunika, kados komputer lan internèt. Ing wekdal punika, mekar ugi kolonialisasi ing donya ingkang mbeta pangaruh ageng dhumateng dhifusi kabudayan ing donya.

Saya mekaring indhustri lan kabetahan dhumateng bahan baku sarta pasar ugi njalari munculing manéka werni perusahaan multinasional ing donya. Ing Indonésia umpaninipun, milai pulitik pintu terbuka, perusahaan-perusahaan Éropah mbikak manéka werni cabangipun ing Indonésia. Freeport lan Exxon saking Amérika Sarékat, Unilever saking Walandi, British Petroleum saking Inggris punika sapérangan contonipun. Perusahaan multinasional kados puniki tetep dados ikon globalisasi ngantos sapuniki.

Fase salajengipun terus lumampah lan pikantuk momentumipun nalika perang dingin rampung lan komunisme ing donya runtuh. Runtuhipun komunisme kadosipun maringi pangleresan bilih kapitalisme punika mergi paling saé kanggé mujudaken kasejahtraan donya. Implikasinipun, nagari-nagari ing donya milai nyawisaken dhiri dados pasar ingkang bébas. Perkawis punika kasengkuyung ugi kanthi mekaring teknologi komunikasi lan transportasi. Kasilipun, sekat-sekat antarnagari milai mboten cetha.

[sunting] Réaksi masarakat

[sunting] Gerakan pro-globalisasi

Pannyengkuyung globalisasi (asring ugi kasebut pro-globalisasi) nganggep bilih globalisasi saged ningkataken kasejahtraan lan kamakmuran ékonomi masarakat donya. Para panyengkuyung lelandhesan téori kaunggulan komparatif ingkang kacetusakan déning David Ricardo. Téori puniki nelakaken bilih satunggiling nagari lan nagari sanès silih gumantung lan saged silih nguntungaken setunggaul kaliyan setunggalipun, lan salah satunggal wujudipun inggih punika silih gumantung ing babagan ékonomi. Kekalih nagari saged melakukan transaksi pertukaran selaras kaliyan kaunggulan komparatif ingkang dipungadhahi. Umpaminipun, Jepang nggadhahi kaunggulan komparatif ing produk kaméra dhigital (saged nyithak langkung èfesien lan mutunipun saé) sauntawis Indonésia nggadhahi kaunggulan komparatif ing prodhuk kain. Kanthi téori puniki, Jepang kaanjuraken kanggé ngendhegaken prodhuksi kainipun lan nggantos faktor-faktor prodhuksinipun kanggé maksimalaken prodhuksi kaméra dhigital, lajeng nutupi kekirangan panawaran kain kanthi mundhut saking Indonésia, mekaten ugi kosok wangsulipun.

Salah satunggiling panyandhet utami dumadosipun kerjasama wau inggih punika wontenipun larangan-larangan lan kawicaksanan protèksi saking pamaréntah satunggaling nagari. Ing satunggil sisih, kawicaksanan puniki saged ngreksa prodhuksi lebet nagari, nanging ing sanès sisih, perkawis badhé ningkatipun ragad prodhuksi barang impor saéngga awrat nembus pasar nagari ingkang dipuntuju. Para pro-globalisme mboten sarujuk wontenipun protèksi lan larangan kasebat. Para pro-globalisme péngin dipunleksanaaken kawicaksanan perdagangan bébas saéngga regi barang-barang saged dipuntekan, akibatipun panyuwunan bakal ningkat. Amargi panyuwunan ningkat, kamakmuran badhé ningkat lan mekaten saterusipun.

Sapérangan klompok pro-globalisme ugi ngritik Bank Donya lan IMF, kanthi pendhapat bilih kalih badan kasebat namung ngontrol lan ngaliraken dana dhumateng satunggaling nagari, sanès dhumateng satunggaling koprasi utawi perusahaan. Minangka asilipun, kathah silihan ingkang dipunparingaken dhawah ing tangan para diktator ingkang salajengipun nylèwèngaken lan mboten migunakaken dana kasebat kados mesthinipun, nilar rakyatipun wonten ing lilitan utang nagari, lan ndadosaken tingkat kamakmuran tansaya mandhap. Amargi tingkat kamakmuran tansaya mandhap, mila masarakat nagari punika kapeksa ngirangi tingkat konsumsinipun; kalebet konsumsi barang impor, saéngga laju globalisasi bakal kacandhet lan -- miturut klompok pro-globalisme -- ngirangi tingkat kasejahtraan pedunung donya.

sumber : wikipedia